Lirik Lagu SASYA KRISNA Ft LELY MOUSIN – GRAHONO

By | Juli 20, 2020
SASYA KRISNA Ft LELY MOUSIN - GRAHONO

Liwat angin wengi
Tak titipne roso kangenku
Nggonku nandang rindu
Kangenku marang sliramu

Nelongso rasane tresno raono dalane
Opo pancen tresno iki ra kudu biso nduweni

Akehe pepalang ngalangi dalan katresnan
Dedeting ratri sumunar nyawang esemmu

Pendho grahono kang biso ngurangi
Endahe sang suryo sumunar ambyar medangi bumi

Sepurane dek iki ngono duduk pacoban
Tulung kowe ngertio ing sakjroning kahanan
Pepaling iki cukup aku lan kowe sing ngerti
Cukup simpenen cerito tresno iki ing jero ati
Duh gusti aku ra ngerti
Ngopo tresnoku iki sampek gawe lorone ati
Aku ra nyono ra ngiro
Yen bakale koyo ngene
Yen tresnaku tresnamu bakal pupus anane

Reff 1

Tresnaku kang gede raono dalane
Amergo sliramu wes kadung dijodohne
Mung aran jenengmu
Kepatri ning ati
Bakal tak simpen sampek mbenjang tekane pati

Nanging aku ora ngiro
Yen sliramu bakal cidro
Bareng saiki wes mulyo
Bajur kromo ora nganggo kondo-kondo

Akehe pepalang ngalangi dalan katresnan
Dedeting ratri sumunar nyawang esemmu
Pendo grahono kang biso ngurangi
Endahe sang suryo sumunar ambyar madangi bumi

Peteng ateges padang bumi soroting lintang
Manis lan esemmu isih tetep tak kenang
Roso ing wengi iki rasane katon sumunar padhang
Ananging awake dewe wes ora biso sesandingan
Kahanane ancene ewes duduk jodone
Tapi neng dalan nganyar aku sih kelingan kowe
Ora bakal tak lali marang esemmu
Cukup wae elingen tresnaku marang sliramu

Reff 2

Tresnaku kang gedhe raono dalane
Amergo sliramu wes kadung dijodohne
Mung aran jenengmu
Kepatri ning ati
Bakal tak simpen sampek mbenjang tekane pati

Lirik Lagu Yang Terkait:
SASYA KRISNA – GRAHONO Ft LELY MOUSIN

Temukan Mp3 SASYA KRISNA Ft LELY MOUSIN – GRAHONO