Lirik Lagu Lia Agista – Nagih Janji

By | Juli 5, 2020
Lia Agista - Nagih Janji

Kelingan rikolo urip bebarengan
Bungah susah kabeh ra dadi alangan
Senadyan sedino mung mangan sepisan
Ati seneng anggone urip bebayan

Nanging saiki uripmu wis mulyo
Banjur lali rikolo jaman semono
Mangan enak turu penak kerjo penak
Njur lali marang aku sing ngrumat anak

Tego tenan sliramu marang awakku
Mbok tinggal lungo suwe opo lali aku
Saiki tak tagih sing dadi janjimu
Lali aku ojo lali anakmu

Anakmu saiki wis gede gede
Pingin nyuwun pirso sopo to bapake
Udan tangis atiku tambah nelongso
Ning atiku bioso yombok sio sio

Yo pancen wis suwe anggonku lungo
Nggonku urip adu nasib ono kutho
Aku ninggal anak bojo lan wongtuwo
Urip ning ndeso tansah keloro-loro

Pancen saiki uripku wis mukti
Nanging ojo mbok anggep aku wis lali
Jroning ati mung tansah ono sliramu
Luwih luwih dadi sumpah jroning atiku

Pancen wis dadi sumpah jroning atiku
Yen durung biso keturutan karepku
Aku ra bakal lali mring wekasanmu
Mung tak jaluk sabar ngenteni tekanku

Yen anakmu takon sopo bapake
Kuwi kabeh ngono wis ono benere
Kandanono aku sih nyambut gawe
Nggo mulyake anakmu klawan kowe

Nggo mulyake anakmu klawan kowe

Lirik Lagu Yang Terkait:
Nagih Janji – Lia Agista

Temukan Mp3 Lia Agista – Nagih Janji