Lirik Lagu Arya Galih – Asmoro Lereng Lawu

By | Oktober 24, 2020
Arya Galih - Asmoro Lereng Lawu

Banyu kang tumetes nelesi bumi
Nggawa rasa kang ngreranta ati
Ngreranta ati kang sepi

Ademe dalan iki kang dadi seksi
Ing lereng e lawu nggonku nunggu pawartamu
Duh nimas jejantunging atiku

Reff:
Deresing banyu udan nerak raga kang kasmaran
Mega kang tumlawung ngrasakke wong nandang wuyung
Wong ayu sira kembanging atiku
Sang dyah ayu jejampining tresnaku

Endi janjimu seng ra arep ninggalke aku
Endi janjimu seng bakal setya satuhu
Duh nimas tresnaku mung kanggo sliramu
Kancanono nganti kukuting ndoya

Duh wong manis tresnaku iki mung siji
Mung kanggo memanik ing ati
Duh wong manis tresnaku ra bakal lalis
Sumpah ing ati rabakal mblenjani

Lirik Lagu Yang Terkait:
Prigel Pangayu Anjarwening – Lingsir Wengi Versi Javarock Jandhut, Arya Galih – Asmoro Lereng Lawu

Temukan Mp3 Arya Galih – Asmoro Lereng Lawu