Lirik Lagu Ardha Tatu – Kalah Awu

By | Desember 7, 2020
Ardha Tatu - Kalah Awu

Ngopo aku sing slalu salah
Ngopo aku sing kudu ngalah
Kedung jeru isa tak jajagi
Nanging atine manungsa sapa sing ngerti
Sak landhepe blati isih landhep lathi
Mula kudu ngati-ati

Aku meneng mung ngampet lara
Aku pancen wong ra sepira
Urip iki mung sawang sinawang
Ora golek pemeneng aja saling jegang
Sak panase geni isih panas ati
Yen diomongke neng mburi

Gusti salah kula napa kerep ditula-tula
Arep sambat bingung karo sapa
Gusti mantepna lakuku duduhna dalanku
Yen kudu kalah aku mung kalah awu

Aku meneng mung ngampet lara
Aku pancen wong ra sepira
Urip iki mung sawang sinawang
Ora golek pemeneng aja saling jegang
Sak panase geni isih panas ati
Yen diomongke neng mburi

Gusti salah kula napa kerep ditula-tula
Arep sambat bingung karo sapa
Gusti mantepna lakuku duduhna dalanku
Yen kudu kalah aku mung kalah awu

Yen kudu kalah aku mung kalah awu

Lirik Lagu Yang Terkait:
Kalah Awu – Ardha Tatu

Temukan Mp3 Ardha Tatu – Kalah Awu