Lirik Lagu Sujiwo Tejo – Ingsun

By | Juni 24, 2022
Sujiwo Tejo - Ingsun

Nunggang roso ngener ing panggayuh
Lunging gadung mrambat krambil gading
Gegondel witing roso pangroso
Nyancang jadi wasanane

Mbrebes mili banyu saking langit
Tibeng kedung lumembak ing pangkon
Anut nyemplung lelakon ngaurip
Cumemplong roso atiku

Candrane wong nglangi
Ing tlogo nirmolo

Candrane kumambang
Ing sendang sumolo

Solan salin slagane manungso
Empan papan sasolah-bawane
Esuk sore rino sawengine
Ajur-ajer ‘njing kahanan
Tan lyan gegondelan
Tarlen mung wit krambil gading

Lirik Lagu Yang Terkait:
Ingsun – Sujiwo Tejo Mirah Ingsun

Temukan Mp3 Sujiwo Tejo – Ingsun