Lirik Lagu NDX AKA – KONCO MUSIMAN

By | September 19, 2020
NDX AKA - KONCO MUSIMAN

Pas jaman kowe susah
Aku ning sandingmu
Pas jaman kowe mulyo
Kowe malah lungo
Opo iki rasane
Aku salah kekancan
Nduwe konco musiman

Susah seneng tak kancani
Tibo tangi tak tulungi
Mbiyen takone posisi
Saiki kowe ning ngendi

Dumeh sugih terus lungo
Lali karo konco konco
Aku ono pas rekoso
Kowe lungo pas wis mulyo

Rokok entek yo cupitan
Madang angkring yo kembulan
Pendak dino ngalor ngidul
Bingung golekke utangan

Saiki uripmu penak
Lali karo konco cerak
Lagi sugih anyaran
Polahmu uwis macak sengak

Ning ngarep macak apik
Ning mburi koyo kirek
Ra miker sedulure
Ra miker kekancane

Pas jaman kowe susah
Aku ning sandingmu
Pas jaman kowe mulyo
Kowe malah lungo
Opo iki rasane
Aku salah kekancan
Nduwe konco musiman

Saiki kowe lungani
Rugi aku le nulungi
Rugi aku le ngancani
Balesanmu koyo tai

Ibarate kowe kere
Saiki wis munggah bale
Konco susah perjuangane
Saiki dilalekke

Kelingan ra pas atimu
Dilarani dadi cidro
Kowe sambat ro sopo
Nek udu karo konco konco

Wis pedhot tekan semene
Kekancane sedulure
Aku ora butuh konco
Model asu koyo kowe

Ning ngarep macak apik
Ning mburi koyo kirek
Ra miker sedulure
Ra miker kekancane

Pas jaman kowe susah
Aku ning sandingmu
Pas jaman kowe mulyo
Kowe malah lungo
Opo iki rasane
Aku salah kekancan
Nduwe konco musiman

Pas jaman kowe susah
Aku ning sandingmu
Pas jaman kowe mulyo
Kowe malah lungo
Opo iki rasane
Aku salah kekancan
Nduwe konco musiman

Lirik Lagu Yang Terkait:
NDX AKA – Konco Musiman

Temukan Mp3 NDX AKA – KONCO MUSIMAN