Lirik Lagu NDARBOY GENK – MBOTEN SAGED SUNGKEM

By | September 12, 2020
NDARBOY GENK - MBOTEN SAGED SUNGKEM

Roso kangen sing kudu tak pendem
Bodho iki mboten saget sungkem
Tasih katah salah, luput lan dosaku
Bapak ibu ngapuranen aku

Sopo wong sing ati ne ra sedih
Bodho iki aku ora mulih
Akeh wong sing nganggur, akeh wong do ngelih
Salam kangge dulur lan tonggo tepalih

Tak ikhlas ikhlaske
Tak lilak lilakke
Pacobaning urip
Mugo ndang ono tambane

Sabar (kudu sabar)
Aku mung iso wenehi kabar
Di kandeli usaha ugo ikhtiar e
Gusti kulo nyuwun kawelasane

Pasrah ( kudu Pasrah)
Iki kabeh mung mergo musibah
Meh ngopo ngopo kudu neng njero omah
Weling ku mung siji, ndedonga lan ngibadah

Lirik Lagu Yang Terkait:
NDARBOY GENK – MBOTEN SAGED SUNGKEM

Temukan Mp3 NDARBOY GENK – MBOTEN SAGED SUNGKEM