Lirik Lagu Irenne Ghea – Ing Terminal Trengggalek

By | Desember 5, 2020
Irenne Ghea - Ing Terminal Trengggalek

Esuk kae aku neng
Sandhingmu ngumbar lelamunan
Rembulan kari sak cuwil
Wis mangklung mangulon
Mapag tekane rino

Angin esuk
Sumilir nyengkuyung nyawijine ati
Sing ngumbar pangentho entho
Nggayuh angen-angen
Ginubel ing panjongko

Kok gandheng tanganku
Esuk kae mapag dino-dino mrambat
Sakwise sewengi
Bebarengan lumban ing tlagane tresno

Esuk kae kumlawe tanganmu
Nggondheli lakuku
Sumendhal rasane ati
Nyawang kowe ijen
Neng terminal trenggalek

Esuk kae aku neng
Sandhingmu ngumbar lelamunan
Rembulan kari sak cuwil
Wis mangklung mangulon
Mapag tekane rino

Angin esuk
Sumilir nyengkuyung nyawijine ati
Sing ngumbar pangentho entho
Nggayuh angen-angen
Ginubel ing panjongko

Kok gandheng tanganku
Esuk kae mapag dino-dino mrambat
Sakwise sewengi
Bebarengan lumban ing tlagane tresno

Esuk kae kumlawe tanganmu
Nggondheli lakuku
Sumendhal rasane ati
Nyawang kowe ijen
Neng terminal trenggalek

Lirik Lagu Yang Terkait:
Irenne Ghea – Ing Terminal Trengggalek

Temukan Mp3 Irenne Ghea – Ing Terminal Trengggalek