Lirik Lagu Hendra Kumbara – Tresno Temenan

By | November 27, 2020
Hendra Kumbara - Tresno Temenan

Uwes tak rungokke
Kabeh ngendikane
Sebehmu
Jare putrine sing ayu dewe
Karepe dijodohake
Karo priyo sing luwih sekabehane

Uwes tak tampani
Kabeh sing diwanti
Sebehmu
Senadyan loro ing jero dodo
Karepku tak perjuangno
Mergo tresnoku ngluwihi isi dunyo

Ojo mbok anggep dolanan
Tresnoku temenanan
Jo mbok anggep recehan
Sing teko terus ilang

Ojo mbok anggep guyonan
Tresnoku temenanan
Dudu setruk parkiran
Sing gampang kabur kanginan

Kewajibanku ning dunyo
Mung usaha lan dungo
Rejeke jodo lan pati
Kersane gusti

Uwes tak tampani
Kabeh sing diwanti
Sebehmu
Senadyan loro ing jero dodo
Karepku tak perjuangno
Mergo tresnoku ngluwihi isi dunyo

Ojo mbok anggep dolanan
Tresnoku temenanan
Jo mbok anggep recehan
Sing teko terus ilang

Ojo mbok anggep guyonan
Tresnoku temenanan
Dudu setruk parkiran
Sing gampang kabur kanginan

Kewajibanku ning dunyo
Mung usaha lan dungo
Rejeke jodo lan pati
Kersane gusti

Rejeke jodo lan pati
Kersane gusti

Lirik Lagu Yang Terkait:
Hendra Kumbara – Tresno Temenan

Temukan Mp3 Hendra Kumbara – Tresno Temenan